13 Feb 2010

Tuladha Laporan Perjalanan / Wisata (Contoh Laporan Perjalanan / Wisata)

pada jaman yang serba modern ini, pastinya bahasa yang sedikit diminati oleh kaum-kaum muda, adalah BAHASA JAWA. Hal ini disebabkan karena minimnya minat belajar siswa yang kurang mengenal bahasa dearah atau bisa juga karena kurangnya kesadaran seseorang terhadap budaya sendiri... kenapa sih??? Padahal jika kita tinjau lagi, Bahasa adalah contoh dari sekian banyak tanda pengenal dari daeah masing-masing... Nah, dari pernyataan tersebut, mengapa kita tidak instrospeksi diri terhadap apa yang sebenarnya belum kita sadari...
Namun, saya juga menyadari, bahwa hal yang menyebabkan seorang kurang mengenal budaya sendiri,, adalah juga karena metode yang digunakan kurang sekali... Maaf ya, ibu dan bapak guru yang saya sayangi dan saya cintai... Hehehe,,,,.,.,.,.,.,
Pada entri pertama saya, saya akan memberikan contoh Laporan Perjalanan yang berkaitan dengan Tugas Bahasa jawa yang berhubungan dengan Kompetensi Dasar Kelas 9 (sembilan).
Tuladha Laporan Wisata / Laporan Perjalanan :::::
Wisata Tanjung Kodhok

Rikala liburan semester 1, aku lan kluwargaku nganake perjalanan menyang Tanjung Kodhok. Budhal menyang wisata kuwi, aku lan kluwargaku numpak kaliyan mobil Daihatsu. Sakmontor isine ana 4 wong. Yaiku, aku, adhiku, ibuku lan bapakku. Tanjung Kodhok kuwi panggonan kang nyemsengake. Sakwise nyiapake barang-barang sing prelu digawa, aku sakluwarga budhal saka omah kira-kira jam 6 isuk. Sakperjalanan menyang panggoonan kuwi, aku nyempetake ngrungoake lagu-lagu lan mangan-mangan jajanan sing wis taksiapake. Lha adhiku wis turu, lan ibuku ndeleng-ndeleng sakdawane dalan. Bisa dideleng ing dalan-dalan, isuk-isuk wis akeh montor-montor sing sliweran.
Tanjung Kodhok ing Desa Paciran, Kecamatan Brondong, Kabupaten Lamongan, Jawa Timur. Wektu iki dadi papan kanggo ngenggar-enggar ati, kang asring ditekani wiatawan domestik apadene wisatawan saka mancanegara. Dhek biyen-biyen “Taman Wisata” Tanjung Kodhok iki ora nate dipaelu dening sapa bae. Pesisir kang ngenthak-ngenthak lan arang srambah uwong, kepara mujudake papan kang wingit lan sepi samun. Ora merga dienggoni sabangsane jin setan, Ananging akeh banget dienggoni sabangsane kewan-kewan gegremetan kang mawa wisa, kayata ula, klabang, ketonggeng lan sapanunggale.
Jam kira-kira nunjuake jam 11 awan, kita wis nyampek ing panggonan wisata sing asri kuwi. Aku ndeleng sak kiwa tengen ana pemandangan sing nmen apike. Ana pantai lan laut kang apik. Ora lali goa alam sing nyemsengake lan menarik. Wektu sampek ing kono, aku ndeleng nelayan-nelayan sing pada mulih saka nggolek iwak-iwak.
Sakwise ndeleng pemandangan kang apik, aku sakluwarga mutusake ndeleng-ndeleng goa sing kasebut Goa Maharani. Nalika Indonesia dadi kawigatene donya jalaran minangka pusat penelitian gerhana matahari total dhek tanggal 11 Juni 1983 kang dumadine mung 360 taun sepisan, Tanjung Kodhok prasasat dadi kembang pocapan. Iki jalaran akehe wong-wong manca kang padaha mara mrono. Papan kang biyen sepi mamring ora nate dadi rembug,bareng ana gerhana matahari total dadi Reja. Ing Goa Maharani, mlebu, aku kesengsem karo stalaktite sing bener-bener saka watu atos. Goa Maharani, ngadek kokoh tembok kang padha kaya benteng sing nduweni 4 pintu Gerbang. Ing ngarep gerbang, wis ngadek restoran lan pertokoan.
Sakwise seneng karo Goa sing gedhe kuwi, aku sakkluarga mutusake metu saka goa lan golek mangan kanggo weteng sing kroncongan. Jam nunjuake jam 1 awan. Wektu golek pangan, aku lan kluwargaku nuku cendramata sing apik-apik ana ing halaman parkir. Banjur kuwi, kita golek pangan.
Sakwise warek lan tuku cendramata, aku sakluwarga mulih saka wisata kuwi jam 3 sore. Aku sakluwarga metu saka panggonan kuwi seneng banget.
.

Tidak ada komentar: